Selasa, 21 April 2015

filosofi panyebutan ing ongko jowo

Neng waktu dewean tibo-tibo muncul ing utekku tentang panyebutan ing ongko jowo. pitakon kue teros ganggu pikirku. Akhirre aku melayu ing panggon diskusi internet seng biasa tak enggo buaan utaan pikirku. Aku lan konco konco ngomong ngalor ngidul tentang Filosofi angka jawa kenopo kok diucapke; siji, loro, telu, papat, limo, enem, pitu, wolu, songo, sepuluh, sewelas, rolas telulas, patbelas, limolas, nembelas, pitulas, wolulas, songolas, rongpuluh. Selikur, lorikur, telu likur, patlikur, selawe (Tapi, geneo SELAWE kok gak limolikur)… telungpuluh, patangpuluh, SEKET kok gak limangpuluh, SUWIDAK kok gak enempuluh. Diskusi ing internet kelemaane 1 bocah bocae do nanggapi sak enae dewe tapi enek jawaban seng gae aku tertarik tentang filosofi ongko jowo langsung ae nginiki hasile: 1-10 (siji-sepuluh) lambang umur bocah seng urung stabil, sepuluh (peluluhan kaping siji), sewelas, las, las, neng umur samene bocae butuh welas asih. 20 (rongpuluh) peluluhan kapeng pindo wes andueni idealis sak durunge umur 25 selawe= ngawe_ngawe tekone idealisme lan wujude keahlian diri, nemlikur (26) pengukuran idealisme tahap 2 seng lueh nyoto, 40 (patangpuluh) peluluhan seng mateng, nabi muhammad diangkat nabi nang umur 40, 50 (seket) ndang cekat ceket/cepat cepat, Persiapan kangge musno, 60 (suwidak) wis cedak lan mindak lemah. tanda berakhirnya hidup dan nabi wafat diusia 63 tahun. benar atau tidaknya wallohu a’lamu..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar